Powered By Blogger

Rabu, 20 Maret 2013

Adoh Saka Biyung


duh biyung
urip iki pancen abot
yen adoh saka paningalmu
meski lumaksana tak lakoni
kardi wardaya nangis ing mangsa
amarga surasa wulangun
duh biyung
tekamu kaya srengenge
kang sumunar wayah esuk
kadya menehi anget uripku
sanajan adoh saka paningalmu
rasa anget iku tetep ana
salawase

(Dahlia Nurul Amalah, Jum’at, 19 Oktober 2012)

Sampah Plastik Bisa Dadi Emas (Ngolah Sampah Plastik dadi BBM)


            Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake sakwise akhire dibuang ing pembuangan akhir. Sampah yaiku konsep gaweyan manungsa, ing sajerone proses-proses alam ora ana sampah, kang ana namung produk-produk kang ora digerakake. Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padat, cair, utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomor utama ing Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku kalebu negara kang nyediani tempat sampah ana ing ngendi-ngendi.  
Khusususe sampah padat kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dimusnahake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Saktemene, wong-wong Indonesia saben dinane migunakake plastik nganggo wadah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan dheweke kurang sadar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuang sampah ing panggonane.
Kanggo menehi solusi masalah sampah ing Indonesia, bebrayan perlu nduweni kesadaran anggone migunakake sampah lan ngolah sampah. Khususe sampah plastik kang isih angel dimusnahake. Cara nganggo ngurangi sampah plastik yaiku ngolah sampah kang mulane dadi barang buangan diubah dadi barang emas. Salah sijine cara yaiku ngolah sampah plastik dadi BBM. Apa maneh, ribut-ribut rega BBM iku mundhak. Saengga, anane olahan sampah plastik iki uga bisa ngatasi babagan kekurangan BBM kang lagi dikandhakake ing bebrayan.
Proses ngolah sampah plastik iki kalebu cara ang sederhana. Alat pembakaran plastik kuwi digawe saka bekas tabung gas elpiji kang gunane dadi tabung pemanas lan pembakar. Tabung pemanas dihubungake karo pipa penyulingan kang dihubungake karo tabung penadah uap utawa hidrokarbon. Asil saka pembakaran hidrokarbon dijernihake kanthi dadi BBM. Saka sekilo limbah plastik bisa ngasilake 1,2-1,4 liter.
Limbah plastik dicacah lan dilebokake ing tabung penyulingan kang dipanasake sawetara suhu 250 nganti 40 derajat Celcius. Uap asil saka pembakaran dijupuk lan diademake nganti cair lan dadi lenga. Banjur dijernihake kanggo mbedakake kang awujud bensin lan lenga tanah. Nilai oktan BBM sampah plastik bisa nganti 84-85 persen. Isih ing ngisor nilai oktan premium 87-88 persen lan pertamax kang nduweni nilai oktan 91-92 persen. Tambah dhuwur nilai oktan BBM, tambah apik kualitas kanggo pembakaran mesin. Wilangan okatan yaiku angka kan nunjukake pirang persen gedhene tekanan kang diwenehi sadurunge bensin dibakar kanthoi cara spontan.
Bahan bakar saka limbah plstik iki bisa digunakake nganggo bahan bakar mobil, motor, nganggo masak, lan nganggo ngresiki alat-alat kang mawa bahan karet. Anane ngolah sampah plastik kang dadi BBM uga bisa ngurangi pengangguran kang ana ing Indonesia. Saliyane kuwi ngolah limbah plastik uga bisa nambah nilai ekonomi para bebrayan Indonesia. Saengga, Indonesia bisa dadi negara kang nduweni lingkungan kang sehat lan penganggurane bisa dikurangi.

Janma


donya iki kadya titik
ana kertas manila salembar
kalyana kabeh janma
datan tinon wadage
didelok saka ngawiyat
dahat ora kawistara
minangka para janma
lumintir tumindak becik
aja tumindak awon
adhigang, adhigung, adhiguna
tansah emut marang Gusti
kang kardi lena lan gesang

(Dahlia Nurul Amalah, Kamis, 18 Oktober 2012)

Ing Alun-alun Slawi



Bomanatara dados langking
Sirate pratangga tansah ketitih
Wit-witan wilis saya jenar
Patrane sami dhawah
Ing sitine alun-alun Slawi
Amargi ngguguni kersane priyangga
Wuyung nepsu angkara
Wacucal raos adem
Manah dredeg ajrih kalian Pangeran
Damel luput, kuciwa, ugi kingkin
Ing mangsa menika
Kadasta samangsane pasamuan
Raos kathah kaluputan
Duh Gusti,,,
Denira pakarti awon
Damel kuciwane Ngarsane Panjenengan
Wonten ing papan menika
Antawis kula tinambah dosa
Angaksami tumrap sedaya kalepatan

(Dahlia Nurul Amalah, Senin, 22 Oktober 2011)

Senin, 18 Maret 2013

Srawung ing Bebrayan Migunakake Unggah-Ungguh Basa Jawa Kanggo Nguri-Uri Basa Jawa ing Jaman Globalisasi


Jaman saiki kalebu Jaman Globalisasi minangka ketergantungan antara bangsa siji lan bangsa liyane uga antar manungsa ing dunyo liwat babagan perdagangan, investasi, budaya, basa, lan wujud-wujud interaksi liyane kang nyebabake wates negara dadi tambah cupet. Anane jaman globalisasi iki ndadekake interaksi babagan-babagan mau ngrembaka liwat media massa (utamane TV, film, musik, internet lan transmisi berita uga olah raga internasional). Jaman globalisasi kang ora ana watese kuwi maringi pengaruh akeh kalihan bebrayan agung utamane mengaruhi babagan basa. Liwat media massa, basa-basa global saka negara-negara liyane bisa cepet berkembang, amarga manungsa ing dunyo gampang penasaran karo babagan-babagan kang enggal. Tuladhane, saiki wong-wong ing negarane dhewe luwih seneng nyinauni lan migunakake basa-basa manca kayata : basa Prancis, basa Korea, basa Jepang, basa China, lan basa-basa liyane kang lagi booming ing dunyo. Ing wayah caket menika, basa kang menehi pengaruh ing donyo yaiku bahasa Korea. Para taruna lan wong tua ing negarane kita uga akeh kanthi seneng nggoleki perkembangane basa Korea kang lagi terkenal.
Anane basa kang menehi pengaruh wong-wong ing dunyo kuwi bisa nyebabake lunture basa-basa kang wis diuri-uri ing negarane dhewe. Pengaruh mau luwih berpotensi maringi pengaruh ing para mudha kang nduweni tugas nguri-uri budaya kang wis turun temurun. Apa maneh negara Indonesia, sing nduweni basa kang cacahe akeh kudu luwih wigati marang basa-basane kang wis diuri-uri dining para leluhur. Khususe basa Jawa minangka basa kang wis paten dikembangake ana ing Indonesia. Basa Jawa yaiku salah siji basa daerah kang dirembaka ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur. Basa jawa uga basa dhaerah kang nduweni leksikon paling akeh dibandingake karo basa-basa liyane ing dherah-dhaerah Indonesia. Mula basa jawa diarani basa sugih tembung. Saliyane kuwi, basa jawa uga siji-sijine basa kang nduweni tingkatan-tingkatan basa kang kasebut unggah-ungguh.
Unggah-ungguh dienggo ing salebeting urip bebrayan. Salebeting bebrayan iku mesthi mbutuhake pambiyantune wong liya. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh tegese tata pranataning basa miturut lungguhing tatakram. Wondene tatakrama tegese carane guneman dateng tiyang sanes uga tindak-tandukutawa solah tingkah (pangucapbsaha patrap). Manawa para putra guneman marang sapa bae, kudu ngetrepake unggah-ungguh basa kanthi trep. Ananging, saiki para mudha lan uga wong tua taksih kirang diuri-uri.
Ing bebrayan (masyakarat) Jawa kerep pancen asring keprungu tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Unggah-ungguh iku mujudake sopan santune wong Jawa. Nanging, Wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae, Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk.
Sing gampang bae anane owah-owahan punjere paprentahan, sing biyen ana ing Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta. Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene dadi basa resmi paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa sing ora ngerti amarga globalisasi. Saiki, akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertine namung kang cepet-cepet, apa maneh basa sing ndakik-ndakik kayata basa gaul lan basa-basa sing alay. Miturut wong saiki ora gaul menawa ora nganggo basa gaul rikala gineman.
Basa Jawa saiki wis owah, ora kaya jaman panjenengane Bapak Antun Suhono, S. Padmosukoco, Rng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku, basa Jawa diperangake dadi :
1.        Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2.        Basa Madya. Basa Madya isih diperang dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3.        Basa Krama. Basa Krama isih diperang dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4.        Basa Krama Inggil.
5.        Basa Bagongan kanggo ing salebete keraton.
6.        Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing karang padesan.
Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma rembesing madu ing kraton Surakarta lan Ngayogyakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake (tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu, kaya paribasan kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot ing buku “Ngengrengan Kasusastran Jawi” karangan S. Padmosukoco, paraibasan “Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati”, temah nampa papan kang nistha. Mula apa kira-kira saiki perlu diatur ing paramasastra anyar.
Unggah-ungguh basa Jawa ing jaman saiki miturut Sudaryanto (1987) sinengkuyung Tjatur Wisnu Sasongko (2004), menawa unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi 4, yaiku:
1.        Ngoko lugu
2.        Ngoko alus
3.        Krama lugu
4.        Krama alus
Kanthi adhedhasar peranganing unggah-ungguh basa Jawa, menawa wong Jawa anggone srawungan guneman karo wong liya asring ngginakake basa Jawa ngoko, krama gumantung papan lan panggonane.
Basa Jawa ngoko lan krama digunakake ing bebrayan agung nganggo sarana:
1.        Norma lan etika (unggah-ungguh, tata krama) srawung ing bebrayan, guneman kalih tiyang sanes ing saben dinane kanthi maosi wong kang diajak guneman (wong enom lan wong tua).
2.        Pakurmatan lan kekadangan (keakraban) karo wong liya, saengga ora diarani nungkak krama, ora ngerti basa lan tata krama.
3.        Mranata jumbuhing kalenggahan utawa social distance ‘jarak sosal’, saengga anggone guneman bisa bener, apik, trep lan kepenak, ora ninggalake subasita. Wondene kang bisa dibedaake bedane kalenggahan, antawis umur, drajat/ pangkat,ekonomi, aluraning waris, olitis, lan jenis kelamin.
Kang disebutake ing dhuwur kuwi minangka perlune ngginakae unggah-ungguh basa Jawa ing bebrayan saperlu uga kanggo nguri-uri basa ing Jaman kang wis global. Jalaran unggah-ungguh basa iku pancen dibutuhake banget. Be­cike wong Ja­wa, na­li­ka ati­ne pa­nas lan mun­tab wae ya isih ne­nge­na­ke ung­gah-ung­guh. Upam­ane, na­li­ka wong Ja­wa ru­mang­sa ke­gang­gu ut­awa ora sreg ma­rang tu­min­da­ke wong li­ya, car­ane omong ora sak­kal lan kan­thi blak-blak­an. Nang­ing ati lan pi­kir­ane wong kang di­jak omong di­ga­wa dhi­sik te­kan ngen­di-en­di, di­ta­ta, lan mes­thi ukara sing pi­san­an di­uca­pa­ke yai­ku nyu­wun se­wu ut­awa nyu­wun pang­apun­ten lan na­li­ka mung­ka­si omong­an uga ora la­li ngu­ca­pa­ke ma­tur nu­wun. Ku­wi con­to kang pra­sa­ja. Su­wad­ji jro­ning bu­ku­ne So­pan San­tun Ber­ba­ha­sa da­lam Ba­ha­sa Ja­wa (1985), nye­bu­ta­ke ung­gah-ung­guh iku nya­kup rong bab, yai­ku pat­rap lan pang­ucap kang sa­klo­ro­ne ora bi­sa di­pi­sa­ha­ke. Con­to­ne wong kang ur­mat ma­rang wong li­ya kan­thi po­cap­an alus kan­thi ba­sa Ja­wa kra­ma alus, mes­thi di­ba­rengi kan­thi la­ku ut­awa pat­rap kang ur­mat. Se­mo­no uga wong kang pat­ra­pe ku­rang ur­mat ma­rang wong li­ya mes­thi di­ba­rengi po­cap­an kang ku­rang ur­mat.
Saengga, kanggo njaga ungga-ungguh basa Jawa, kita perlu mbiyasakake anggone unggah-ungguh ing saben dinane. Wondene jaman saiki wis terbuka amarga anane globalisasi kang bisa musnahake basa Jawa kang wis dirembaka awit biyen. Mula, sadurunge kebacut musna, dhewe khususe para mudha kudu bisa nggunekake unggah-ungguh basa kang bener lan trep ing bebrayan saben dinane. Saengga unggah-unggung basa Jawa bisa tetep lestari jalaran jamane wis global. Supaya, basa Jawa ora ilang amarga kalah karo basa-basa liyane kang sumebar ing pira-pira belahan dunyo.