Powered By Blogger

Minggu, 24 Maret 2013

Sekar Kagem Rama

Snajan sabdanipun panjenengan
tan werdu sabdanipun biyung
Sira rinengga kawula kanthi suda
Ingkang sopaneng manah
Tinuju mring papan luhur
Ri sinebat katentreman

Rama,,,
Snajan tresnamu tan tulusing biyung
Nanging jalaran tumungkulanira
Raos kiya nuwityan sihmu
waspaku tumetes
Duk kelingan pangandikanmu

Kadya sela njagi wedhi
Sira ameng manira
Sanitya rumeksa kawula
saking rumegeding sukma lan raga
Pnjenengan legawa kagepok lesus giniris
kalawan kula
kalawan atmaja panjennengan
kadi datan sayah
sira nir waspaku

Kangge sagunging pinaringan panjenengan
kang dipun sukaneng atma kula
saking kasidyaning ati
amung sekar
kagem Rama
Apuranta,,,,

Listyaning Dhusun Manira

Duk wayah enjing sinambut
Sabda kukila ing tujung tetuwuhan
Nguni endah saha asri
Jago kluruk samya saur-sauran
yasa kebak kahanan wagraha

Arga Slamet miyat saka kadohan
Tumut nyambut tatas kamantyan
Wana pinus royo-royo
silih jinejer kanthi tata
ing turutan sopana

Bebraya agung wiwit miyos
Gemrudugan saking suyasa
tata-tata tindak makarya

Ing Bana,
para tani wus samba matun

Ing parimpun,
ugi ramyan
denira para bebrayan tinumbas saha sinade

Listyaning Dhusun Manira,,,
Sun wulangun ing arya

Hanane papan wisata,,,
tan wigna ing palupa

Guci kuwi arane
wisata toya anget wujude
karya rarasing soca

Rabu, 20 Maret 2013

Katresnanan utami



Katresnanan menika
lumampahing jalma
mangsa siyang lastri
saya mantepi driya
kalpika ing laksana
manut piweling Pangeran
nampi Paringane
kedah sabar sareh
sanajan kingkin turida
katresnanan sinarya kirana
menika katresnanan utami
kalihan ingkang Maha Tresna
Gusti ingkang maringi gesang
Lan maringi sedayane peparingan
Peparingan wontene jagad ugi surasanipun
Binukti wontene Pangeran ingkang mangerani alam sakweh

(Dahlia Nurul Amalah, Sabtu, 20 Oktober 2012)

Metode Piwulangan Bahasa Jawa Nganggo Media Video Animasi Wayang (Kritik Kanggo Para Ahli Grafis)


            Piwulangan yaiku salah siji proses kang kompleks kang dumadi ing saben wong sedawane urip. Proses piwulangan asring dianakake ing sekolah kang kasebut piwulangan kanthi cara formal. Proses piwulangan ing sekolah iku dumadi jalaran anane interaksi antarane para dwija lan para kadhang siswa. Ing proses iki para dwija diajab bisa maringi ilmu marang para kadhang siswa kanthi paham lan mangerteni babagan kang diwulang. Interaksi kang dumadi sedawane proses sinau kasebut dipengaruhi karo lingkungane, kayata para siswa, dwija, petugas kapustakan, kepala sekolah, bahan utawa materi pelajaran (buku, modul, selebaran, kalawarti, rekaman video utawa audio, lan sapanunggalane), lan jinising sumber sinau uga piranti (proyektor overhead, perekam pitat audio utawa video, radio, televisi, komputer, kapustakaan, laboratorium lan liya-liyaene.
            Piwulangan kang ana ing sekolah ditindakake nganggo pirang-pirang metode. Saben dwija mata pelajaran nduweni metode-metode dhewe lan cara-carane dhewe rikala mulang ing sekolah. Ana metode diskusi, metode pitakonan lan wangsulan, metode siswa aktif, metode edutainment, metode quantum learning, lan liya-liyane. Para dwija ngajab supaya para kadhang sisane ora nduweni rasa bosen rikala nampa piwulangane. Biasane, kanggo ngurangi rasa bosen para kadhang siswa, para dwija asring migunakake media-media kang wis kasebutake mau. Ing mata pelajaran babagan basa khususe basa Jawa, media kuwi perlu banget ing lumakune piwulangan. Amarga, babagan piwulangan basa nyinauni babagan kaprigelan-kaprigelan kang butuhake media.
            Piwulangan mata pelajaran basa Jawa migunakake media-media kuwi kanggo kaprigelan nyemak utawa kaprigelan nulis. Media kang digunakake arupa video, audio, TV, radio, kalawarti lan liya-liyane. Liwat media kuwi, piwulangan basa Jawa bisa ngurangi rasa bosen para kadhang siswa rikala piwulangan lumaku. Nanging, ana salah siji media kang angel digoleki yaiku media video. Media video luwih nggayut para kadhang siswa. Apa maneh menawa wujud video iku arupa video animasi kayata artunkartun animasi gaweyane Jepang kag diliput ing pirang-pirang stasiun TV.
Menawa sumber video animasi-animasi kuwi awujud cerita wayang, mesti para kadhang siswa luwih tertarik nonton, namatake, lan ngerungokake. Dibandingake para dwija kang neritakake cerita wayang kanthi cara langsung, luwih nggayut video kang gambare apik lan lucu. Nanging, sayange sumber video animasi kuwi angel digoleki. Jalaran para ahli grafis kang ana ing Indonesia kurang nggatekake ing babagan animasi basa Jawa. Padahal, menawa dheweke nyiptakake cerita-cerita wayang awujud animasi, piwulangan basa jawa bisa menehi rasa tertarik para kadhang siswa. Sakliyane kuwi, anane video cerita wayang awujud animasi uga bisa ngurangi produk-produk video animasi saka manca.
Amarga kurange sumber video ing babagan animasi wayang kang bisa menehi katartarikan maring para kadhang siswa, para dwija kerasa kangelan rikala ngongkon para kadhang siswa anggone nyemak babagan cerita wayang. Mangka, para ahli grafis khususe, diajab supaya bisa nyiptakake media piwulangan video animasi basa jawa awujud cerita wayang.  Saengga, piwulangan lan kelestarian basa jawa bisa tetep diuri-uri, liwat caiptaan anyar awujud animasi cerita wayang basa Jawa kuwi.









Adoh Saka Biyung


duh biyung
urip iki pancen abot
yen adoh saka paningalmu
meski lumaksana tak lakoni
kardi wardaya nangis ing mangsa
amarga surasa wulangun
duh biyung
tekamu kaya srengenge
kang sumunar wayah esuk
kadya menehi anget uripku
sanajan adoh saka paningalmu
rasa anget iku tetep ana
salawase

(Dahlia Nurul Amalah, Jum’at, 19 Oktober 2012)

Sampah Plastik Bisa Dadi Emas (Ngolah Sampah Plastik dadi BBM)


            Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake sakwise akhire dibuang ing pembuangan akhir. Sampah yaiku konsep gaweyan manungsa, ing sajerone proses-proses alam ora ana sampah, kang ana namung produk-produk kang ora digerakake. Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padat, cair, utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomor utama ing Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku kalebu negara kang nyediani tempat sampah ana ing ngendi-ngendi.  
Khusususe sampah padat kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dimusnahake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Saktemene, wong-wong Indonesia saben dinane migunakake plastik nganggo wadah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan dheweke kurang sadar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuang sampah ing panggonane.
Kanggo menehi solusi masalah sampah ing Indonesia, bebrayan perlu nduweni kesadaran anggone migunakake sampah lan ngolah sampah. Khususe sampah plastik kang isih angel dimusnahake. Cara nganggo ngurangi sampah plastik yaiku ngolah sampah kang mulane dadi barang buangan diubah dadi barang emas. Salah sijine cara yaiku ngolah sampah plastik dadi BBM. Apa maneh, ribut-ribut rega BBM iku mundhak. Saengga, anane olahan sampah plastik iki uga bisa ngatasi babagan kekurangan BBM kang lagi dikandhakake ing bebrayan.
Proses ngolah sampah plastik iki kalebu cara ang sederhana. Alat pembakaran plastik kuwi digawe saka bekas tabung gas elpiji kang gunane dadi tabung pemanas lan pembakar. Tabung pemanas dihubungake karo pipa penyulingan kang dihubungake karo tabung penadah uap utawa hidrokarbon. Asil saka pembakaran hidrokarbon dijernihake kanthi dadi BBM. Saka sekilo limbah plastik bisa ngasilake 1,2-1,4 liter.
Limbah plastik dicacah lan dilebokake ing tabung penyulingan kang dipanasake sawetara suhu 250 nganti 40 derajat Celcius. Uap asil saka pembakaran dijupuk lan diademake nganti cair lan dadi lenga. Banjur dijernihake kanggo mbedakake kang awujud bensin lan lenga tanah. Nilai oktan BBM sampah plastik bisa nganti 84-85 persen. Isih ing ngisor nilai oktan premium 87-88 persen lan pertamax kang nduweni nilai oktan 91-92 persen. Tambah dhuwur nilai oktan BBM, tambah apik kualitas kanggo pembakaran mesin. Wilangan okatan yaiku angka kan nunjukake pirang persen gedhene tekanan kang diwenehi sadurunge bensin dibakar kanthoi cara spontan.
Bahan bakar saka limbah plstik iki bisa digunakake nganggo bahan bakar mobil, motor, nganggo masak, lan nganggo ngresiki alat-alat kang mawa bahan karet. Anane ngolah sampah plastik kang dadi BBM uga bisa ngurangi pengangguran kang ana ing Indonesia. Saliyane kuwi ngolah limbah plastik uga bisa nambah nilai ekonomi para bebrayan Indonesia. Saengga, Indonesia bisa dadi negara kang nduweni lingkungan kang sehat lan penganggurane bisa dikurangi.

Janma


donya iki kadya titik
ana kertas manila salembar
kalyana kabeh janma
datan tinon wadage
didelok saka ngawiyat
dahat ora kawistara
minangka para janma
lumintir tumindak becik
aja tumindak awon
adhigang, adhigung, adhiguna
tansah emut marang Gusti
kang kardi lena lan gesang

(Dahlia Nurul Amalah, Kamis, 18 Oktober 2012)