Powered By Blogger

Rabu, 20 Maret 2013

Metode Piwulangan Bahasa Jawa Nganggo Media Video Animasi Wayang (Kritik Kanggo Para Ahli Grafis)


            Piwulangan yaiku salah siji proses kang kompleks kang dumadi ing saben wong sedawane urip. Proses piwulangan asring dianakake ing sekolah kang kasebut piwulangan kanthi cara formal. Proses piwulangan ing sekolah iku dumadi jalaran anane interaksi antarane para dwija lan para kadhang siswa. Ing proses iki para dwija diajab bisa maringi ilmu marang para kadhang siswa kanthi paham lan mangerteni babagan kang diwulang. Interaksi kang dumadi sedawane proses sinau kasebut dipengaruhi karo lingkungane, kayata para siswa, dwija, petugas kapustakan, kepala sekolah, bahan utawa materi pelajaran (buku, modul, selebaran, kalawarti, rekaman video utawa audio, lan sapanunggalane), lan jinising sumber sinau uga piranti (proyektor overhead, perekam pitat audio utawa video, radio, televisi, komputer, kapustakaan, laboratorium lan liya-liyaene.
            Piwulangan kang ana ing sekolah ditindakake nganggo pirang-pirang metode. Saben dwija mata pelajaran nduweni metode-metode dhewe lan cara-carane dhewe rikala mulang ing sekolah. Ana metode diskusi, metode pitakonan lan wangsulan, metode siswa aktif, metode edutainment, metode quantum learning, lan liya-liyane. Para dwija ngajab supaya para kadhang sisane ora nduweni rasa bosen rikala nampa piwulangane. Biasane, kanggo ngurangi rasa bosen para kadhang siswa, para dwija asring migunakake media-media kang wis kasebutake mau. Ing mata pelajaran babagan basa khususe basa Jawa, media kuwi perlu banget ing lumakune piwulangan. Amarga, babagan piwulangan basa nyinauni babagan kaprigelan-kaprigelan kang butuhake media.
            Piwulangan mata pelajaran basa Jawa migunakake media-media kuwi kanggo kaprigelan nyemak utawa kaprigelan nulis. Media kang digunakake arupa video, audio, TV, radio, kalawarti lan liya-liyane. Liwat media kuwi, piwulangan basa Jawa bisa ngurangi rasa bosen para kadhang siswa rikala piwulangan lumaku. Nanging, ana salah siji media kang angel digoleki yaiku media video. Media video luwih nggayut para kadhang siswa. Apa maneh menawa wujud video iku arupa video animasi kayata artunkartun animasi gaweyane Jepang kag diliput ing pirang-pirang stasiun TV.
Menawa sumber video animasi-animasi kuwi awujud cerita wayang, mesti para kadhang siswa luwih tertarik nonton, namatake, lan ngerungokake. Dibandingake para dwija kang neritakake cerita wayang kanthi cara langsung, luwih nggayut video kang gambare apik lan lucu. Nanging, sayange sumber video animasi kuwi angel digoleki. Jalaran para ahli grafis kang ana ing Indonesia kurang nggatekake ing babagan animasi basa Jawa. Padahal, menawa dheweke nyiptakake cerita-cerita wayang awujud animasi, piwulangan basa jawa bisa menehi rasa tertarik para kadhang siswa. Sakliyane kuwi, anane video cerita wayang awujud animasi uga bisa ngurangi produk-produk video animasi saka manca.
Amarga kurange sumber video ing babagan animasi wayang kang bisa menehi katartarikan maring para kadhang siswa, para dwija kerasa kangelan rikala ngongkon para kadhang siswa anggone nyemak babagan cerita wayang. Mangka, para ahli grafis khususe, diajab supaya bisa nyiptakake media piwulangan video animasi basa jawa awujud cerita wayang.  Saengga, piwulangan lan kelestarian basa jawa bisa tetep diuri-uri, liwat caiptaan anyar awujud animasi cerita wayang basa Jawa kuwi.









Tidak ada komentar:

Posting Komentar