Powered By Blogger

Rabu, 20 Maret 2013

Sampah Plastik Bisa Dadi Emas (Ngolah Sampah Plastik dadi BBM)


            Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake sakwise akhire dibuang ing pembuangan akhir. Sampah yaiku konsep gaweyan manungsa, ing sajerone proses-proses alam ora ana sampah, kang ana namung produk-produk kang ora digerakake. Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padat, cair, utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomor utama ing Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku kalebu negara kang nyediani tempat sampah ana ing ngendi-ngendi.  
Khusususe sampah padat kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dimusnahake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Saktemene, wong-wong Indonesia saben dinane migunakake plastik nganggo wadah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan dheweke kurang sadar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuang sampah ing panggonane.
Kanggo menehi solusi masalah sampah ing Indonesia, bebrayan perlu nduweni kesadaran anggone migunakake sampah lan ngolah sampah. Khususe sampah plastik kang isih angel dimusnahake. Cara nganggo ngurangi sampah plastik yaiku ngolah sampah kang mulane dadi barang buangan diubah dadi barang emas. Salah sijine cara yaiku ngolah sampah plastik dadi BBM. Apa maneh, ribut-ribut rega BBM iku mundhak. Saengga, anane olahan sampah plastik iki uga bisa ngatasi babagan kekurangan BBM kang lagi dikandhakake ing bebrayan.
Proses ngolah sampah plastik iki kalebu cara ang sederhana. Alat pembakaran plastik kuwi digawe saka bekas tabung gas elpiji kang gunane dadi tabung pemanas lan pembakar. Tabung pemanas dihubungake karo pipa penyulingan kang dihubungake karo tabung penadah uap utawa hidrokarbon. Asil saka pembakaran hidrokarbon dijernihake kanthi dadi BBM. Saka sekilo limbah plastik bisa ngasilake 1,2-1,4 liter.
Limbah plastik dicacah lan dilebokake ing tabung penyulingan kang dipanasake sawetara suhu 250 nganti 40 derajat Celcius. Uap asil saka pembakaran dijupuk lan diademake nganti cair lan dadi lenga. Banjur dijernihake kanggo mbedakake kang awujud bensin lan lenga tanah. Nilai oktan BBM sampah plastik bisa nganti 84-85 persen. Isih ing ngisor nilai oktan premium 87-88 persen lan pertamax kang nduweni nilai oktan 91-92 persen. Tambah dhuwur nilai oktan BBM, tambah apik kualitas kanggo pembakaran mesin. Wilangan okatan yaiku angka kan nunjukake pirang persen gedhene tekanan kang diwenehi sadurunge bensin dibakar kanthoi cara spontan.
Bahan bakar saka limbah plstik iki bisa digunakake nganggo bahan bakar mobil, motor, nganggo masak, lan nganggo ngresiki alat-alat kang mawa bahan karet. Anane ngolah sampah plastik kang dadi BBM uga bisa ngurangi pengangguran kang ana ing Indonesia. Saliyane kuwi ngolah limbah plastik uga bisa nambah nilai ekonomi para bebrayan Indonesia. Saengga, Indonesia bisa dadi negara kang nduweni lingkungan kang sehat lan penganggurane bisa dikurangi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar