Powered By Blogger

Rabu, 20 Maret 2013

Ing Alun-alun Slawi



Bomanatara dados langking
Sirate pratangga tansah ketitih
Wit-witan wilis saya jenar
Patrane sami dhawah
Ing sitine alun-alun Slawi
Amargi ngguguni kersane priyangga
Wuyung nepsu angkara
Wacucal raos adem
Manah dredeg ajrih kalian Pangeran
Damel luput, kuciwa, ugi kingkin
Ing mangsa menika
Kadasta samangsane pasamuan
Raos kathah kaluputan
Duh Gusti,,,
Denira pakarti awon
Damel kuciwane Ngarsane Panjenengan
Wonten ing papan menika
Antawis kula tinambah dosa
Angaksami tumrap sedaya kalepatan

(Dahlia Nurul Amalah, Senin, 22 Oktober 2011)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar