Jaman
saiki kalebu Jaman Globalisasi minangka ketergantungan antara bangsa siji lan
bangsa liyane uga antar manungsa ing dunyo liwat babagan perdagangan,
investasi, budaya, basa, lan wujud-wujud interaksi liyane kang nyebabake wates
negara dadi tambah cupet. Anane jaman globalisasi iki ndadekake interaksi
babagan-babagan mau ngrembaka liwat media massa (utamane TV, film, musik,
internet lan transmisi berita uga olah raga internasional). Jaman globalisasi
kang ora ana watese kuwi maringi pengaruh akeh kalihan bebrayan agung utamane mengaruhi
babagan basa. Liwat media massa, basa-basa global saka negara-negara liyane
bisa cepet berkembang, amarga manungsa ing dunyo gampang penasaran karo
babagan-babagan kang enggal. Tuladhane, saiki wong-wong ing negarane dhewe luwih
seneng nyinauni lan migunakake basa-basa manca kayata : basa Prancis, basa
Korea, basa Jepang, basa China, lan basa-basa liyane kang lagi booming ing dunyo. Ing wayah caket
menika, basa kang menehi pengaruh ing donyo yaiku bahasa Korea. Para taruna lan
wong tua ing negarane kita uga akeh kanthi seneng nggoleki perkembangane basa
Korea kang lagi terkenal.
Anane basa
kang menehi pengaruh wong-wong ing dunyo kuwi bisa nyebabake lunture basa-basa
kang wis diuri-uri ing negarane dhewe. Pengaruh mau luwih berpotensi maringi
pengaruh ing para mudha kang nduweni tugas nguri-uri budaya kang wis turun
temurun. Apa maneh negara Indonesia, sing nduweni basa kang cacahe akeh kudu
luwih wigati marang basa-basane kang wis diuri-uri dining para leluhur. Khususe
basa Jawa minangka basa kang wis paten dikembangake ana ing Indonesia. Basa
Jawa yaiku salah siji basa daerah kang dirembaka ing tlatah Jawa Tengah lan
Jawa Timur. Basa jawa uga basa dhaerah kang nduweni leksikon paling akeh
dibandingake karo basa-basa liyane ing dherah-dhaerah Indonesia. Mula basa jawa
diarani basa sugih tembung. Saliyane kuwi, basa jawa uga siji-sijine basa kang
nduweni tingkatan-tingkatan basa kang kasebut unggah-ungguh.
Unggah-ungguh
dienggo ing salebeting urip bebrayan. Salebeting bebrayan iku mesthi mbutuhake
pambiyantune wong liya. Mula wis lumrah yen awake dhewe kudu gelem sesambungan
karo wong liya. Sarana kang dianggo sesambungan yaiku unggah-ungguh basa.
Unggah-ungguh tegese tata pranataning basa miturut lungguhing tatakram. Wondene
tatakrama tegese carane guneman dateng tiyang sanes uga tindak-tandukutawa
solah tingkah (pangucapbsaha patrap). Manawa para putra guneman marang sapa
bae, kudu ngetrepake unggah-ungguh basa kanthi trep. Ananging, saiki para mudha
lan uga wong tua taksih kirang diuri-uri.
Ing
bebrayan (masyakarat) Jawa kerep pancen asring keprungu tetembungan
unggah-ungguh. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Unggah-ungguh
iku mujudake sopan santune wong Jawa. Nanging, Wong Jawa saiki akeh sing
ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae, Wong
saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo
paugeran cepet-cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen sing duwe
pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan
jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa
sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan
sikap, apa tindak tanduk.
Sing
gampang bae anane owah-owahan punjere paprentahan, sing biyen ana ing Surakarta
Hadiningrat lan Ngayogyakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta.
Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene
dadi basa resmi paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing
wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, sanajanta wong mau asale saka Surakarta
lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami owah gingsir,
bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong
Jawa sing ora ngerti amarga globalisasi. Saiki, akeh wong Jawa sing wis ora
ngerti basa Jawa maneh. Ngertine namung kang cepet-cepet, apa maneh basa sing
ndakik-ndakik kayata basa gaul lan basa-basa sing alay. Miturut wong saiki ora gaul menawa ora nganggo basa gaul
rikala gineman.
Basa
Jawa saiki wis owah, ora kaya jaman panjenengane Bapak Antun Suhono, S.
Padmosukoco, Rng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku, basa Jawa
diperangake dadi :
1.
Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang
dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2.
Basa Madya. Basa Madya isih diperang
dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3.
Basa Krama. Basa Krama isih diperang
dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4.
Basa Krama Inggil.
5.
Basa Bagongan kanggo ing salebete keraton.
6.
Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing
karang padesan.
Jaman
saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen
trahing kusuma rembesing madu ing kraton Surakarta lan Ngayogyakarta dadi
priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake (tangga teparone) priyayi
mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu, kaya
paribasan kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot ing buku “Ngengrengan
Kasusastran Jawi” karangan S. Padmosukoco, paraibasan “Tunggak jarak mrajak,
tunggak jati mati”, temah nampa papan kang nistha. Mula apa kira-kira saiki
perlu diatur ing paramasastra anyar.
Unggah-ungguh
basa Jawa ing jaman saiki miturut Sudaryanto (1987) sinengkuyung
Tjatur Wisnu Sasongko (2004), menawa unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi 4,
yaiku:
1.
Ngoko lugu
2.
Ngoko alus
3.
Krama lugu
4.
Krama alus
Kanthi adhedhasar peranganing
unggah-ungguh basa Jawa, menawa wong Jawa anggone srawungan guneman karo wong
liya asring ngginakake basa Jawa ngoko, krama gumantung papan lan panggonane.
Basa Jawa ngoko lan krama digunakake
ing bebrayan agung nganggo sarana:
1.
Norma lan etika (unggah-ungguh, tata krama) srawung
ing bebrayan, guneman kalih tiyang sanes ing saben dinane kanthi maosi wong
kang diajak guneman (wong enom lan wong tua).
2.
Pakurmatan lan kekadangan (keakraban) karo wong liya,
saengga ora diarani nungkak krama, ora ngerti basa lan tata krama.
3.
Mranata jumbuhing kalenggahan utawa social distance ‘jarak sosal’, saengga
anggone guneman bisa bener, apik, trep lan kepenak, ora ninggalake subasita.
Wondene kang bisa dibedaake bedane kalenggahan, antawis umur, drajat/
pangkat,ekonomi, aluraning waris, olitis, lan jenis kelamin.
Kang
disebutake ing dhuwur kuwi minangka perlune ngginakae unggah-ungguh basa Jawa
ing bebrayan saperlu uga kanggo nguri-uri basa ing Jaman kang wis global.
Jalaran unggah-ungguh basa iku pancen dibutuhake banget. Becike
wong Jawa, nalika atine panas lan muntab wae ya isih nengenake unggah-ungguh.
Upamane, nalika wong Jawa rumangsa keganggu utawa ora sreg marang tumindake
wong liya, carane omong ora sakkal lan kanthi blak-blakan. Nanging ati
lan pikirane wong kang dijak omong digawa dhisik tekan ngendi-endi, ditata,
lan mesthi ukara sing pisanan diucapake yaiku nyuwun sewu utawa nyuwun
pangapunten lan nalika mungkasi omongan uga ora lali ngucapake matur
nuwun. Kuwi conto kang prasaja. Suwadji jroning bukune Sopan Santun
Berbahasa dalam Bahasa Jawa (1985), nyebutake unggah-ungguh iku nyakup
rong bab, yaiku patrap lan pangucap kang saklorone ora bisa dipisahake.
Contone wong kang urmat marang wong liya kanthi pocapan alus kanthi basa
Jawa krama alus, mesthi dibarengi kanthi laku utawa patrap kang urmat.
Semono uga wong kang patrape kurang urmat marang wong liya mesthi dibarengi
pocapan kang kurang urmat.
Saengga,
kanggo njaga ungga-ungguh basa Jawa, kita perlu mbiyasakake anggone
unggah-ungguh ing saben dinane. Wondene jaman saiki wis terbuka amarga anane
globalisasi kang bisa musnahake basa Jawa kang wis dirembaka awit biyen. Mula,
sadurunge kebacut musna, dhewe khususe para mudha kudu bisa nggunekake
unggah-ungguh basa kang bener lan trep ing bebrayan saben dinane. Saengga
unggah-unggung basa Jawa bisa tetep lestari jalaran jamane wis global. Supaya,
basa Jawa ora ilang amarga kalah karo basa-basa liyane kang sumebar ing
pira-pira belahan dunyo.
plagiat
BalasHapusasu
BalasHapus